CONTOH PRANATACARA PENGAOSAN
Assalamu’alaikum Wr Wb Innalhamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syururi anfusina wa min sayyiati a’maalina, mayyahdihillahu fala mudzillalah wa mayyudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalah, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’du. Nuwun kula nuwun.. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan kajiwa lan kasarira dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya. Wonten ngarsanipun para pepunden, para kyai, para sepuh, pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagunging sekar pahurmatan. L angkung-langkung dhumateng panjenenganipun almuharrom ….. (nama tokoh yang akan memberikan tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para priyagung pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasing ingkang pantes tinulad lan tinuladha. Para bapak, para ibu