CONTOH SAMBUTAN TUAN RUMAH (ATUR PAMBAGYAHARJA)

CONTOH SAMBUTAN TUAN RUMAH DALAM BAHASA JAWA KRAMA INGGIL
(ATUR PAMBAGYAHARJA)

Kata sambutan yang baik tentunya akan berpengaruh terhadap atensi hadirin terhadap acara yang akan dilaksanakan. Apalagi kata sambutan menjadi pembuka acara yang biasanya disampaikan oleh orang yang penting terkait acara tersebut.

Kata sambutan yang baik dan benar harus diperhatikan sesuai konteks acara. Kamu tentunya harus memperhatikan acara tersebut apakah formal atau tidak. Nantinya, kata sambutan disesuaikan dengan acara sehingga pantas untuk disampaikan.

Berikut contoh kata sambutan tuan rumah dalam bahasa Jawa Krama Inggil, atau yang sering disebut dengan Atur Pamabagyaharja.


Assalamu'alaiikum Wr Wb

Bismillah, hamdan syukron lillah, assholatu wassalamu 'ala rasulillah, wa'ala alihi washohbihi waman walah, lahaula walaquwwata illa billah, Amma ba'du..

Nuwun kula nuwun..

Kasarasan, kawilujengan, miwah karahayon awit sih wilasaning gusti ingkang hakarya jagat, mugi tansah hanunggil dumateng kulo dalasan panjenengan sedaya. 

Wonten ngarsanipun para  pepundhen, para kyai, para sepuh, pinisepuh, aji sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

Para nayakaning negari satriya bayakaraning praja ingkang tansah rumeksa dateng karaharjaning praja ingkang patut sinuba sinukarta. para sarjana-sarjananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang sinuba ing pakurmatan, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya labet praja ingkang mahambeg luhuring dharma.

Panjenenganipun para satya wreda, carana madya, para pilenggah kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mirungganipun panjenenganipun Bp....(besan)...sekalian garwa, minangka cundhaka kadang besan sutrisna,  ingkang satuhu dahat kinormatan.

Mboten katalumpen para mudha taruna ingkang wekik ing karya ingkang kinasih dining gusti.

Wilujeng siang/dalu, sugeng pinanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Kalilonana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu nggempil kamardekan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Ngembani wuwus kersanipun panjenenganipun Bp ..... ingkang hamengkugati, kulo lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardekan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling prasedyo menggah wigatos pahargyan ing titi kalenggahan menika.

Minangka purwakaning atur sumangga kita tansah ngunjuaken puja puji pudiastuti wonten ngarsa dalem gusti purboningrat, awit sih wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandang kula dalasan panjenengan sedaya sehingga kita tansah saged pinanggihan kempal, hangempal, manunggal kanthi pinayungan karaharjan, saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan agung. Pramila sumangga raos syukur kita wujudaken kanthi kalimah tahmid Alhamdulillahirobbil ‘alamin.

Shalawat saha salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan lan patuladhan kula panjenengan sedaya, nuwun inggih Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW. Biqaulina اللهم صلى على سيدنا محمد Ingkang kita antu-antu syafaatipun dumugi ing titiwanci katutuping jagat.

Sanggya adilenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat sinudarsana.

Kulo ingkang kajibah minangka tetalanging basa cundaking atur saking panjenenganipun Bp ...... Ngaturaken pambagya wilujeng rawuh sugeng pilenggahan wonten papan panggenan ingkang sampun sumadya kanti mardu mardikaning penggalih dumateng para rawuh, ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun hamengkugati. Bp .... rumaos karoban ing sih sutresna bebasan kadi lelumban wonten samudra kencana sakalangkung dadosaken bombong bingahing manah. Mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahing gusti purboningrat kanti piwales ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu, Jaya kumullahi khoiro jaya ahsanal jaya, amin yarobbal alamin.

Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang : asesilih Rara Ayu ........ ingkang sampun kadhaup dening Dimas Bagus ........

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau, nuwun inggih dinten ........... surya kaping ......... titiwanci tabuh ........... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa. Bp ..... gotrah keluargo nyuwun ugungan saking poro rawuh keparengo paring pujo sesanti mulyo tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah, ngabekti marang tiang sepah kekalih saget mikul duwur mendem jero labuh labet dateng negari lan agami murokabi dateng bebrayan agung, Amin Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp ....... gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp ......... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Amin  Allahumma amin.

Sangyo adi lenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat sinudarsana, Bp ...... sakulawarga, tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbok bilih wonten kiranging suba sita, nyuwun agunging pangapunten ingkang katah.

Cekap semanten pamatur kula, mbok bilih wonten galap gangsuling atur, saha kirang trapsila anggen kula matur, nyuwun agunging samodra pangaksama.

Akhirul kalam, wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.


Demikian contoh sambutan tuan rumah atau atur bambagyaharja dalam bahasa Jawa Krama inggil. Semoga dapat bermanfaat untuk kita semua.

 

Komentar