CONTOH PRANATACARA PENGAOSAN

 


Assalamu’alaikum Wr Wb

Innalhamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syururi anfusina wa min sayyiati a’maalina, mayyahdihillahu fala mudzillalah wa mayyudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalah, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’du.

Nuwun kula nuwun..

Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan kajiwa lan kasarira dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya. 

Wonten ngarsanipun para pepunden, para kyai, para sepuh, pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagunging sekar pahurmatan. Langkung-langkung dhumateng panjenenganipun almuharrom ….. (nama tokoh yang akan memberikan tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Para priyagung pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasing ingkang pantes tinulad lan tinuladha.

Para bapak, para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin muslimat rahimakumullah.

Minangka purwakaning atur sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dhumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sahingga kita saget kempal hangempal manunggal saperlu hangrawuhi pengaosan mingeti .... kanthi mboten wonten rubeda punapa. Raos syukur kita wujudaken kanthi  waosan hamdalah sesarengan. Alhamdulillahi rabbil'alamin.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW,  titah linangkung ingkang dados panutan lan patuladhan kula dalasan panjenengan sedaya, ingkang kita antu-antu syafaatipun dumugi  ing titiwanci katutuping jagad, bi qaulina Allahumma sholli 'ala sayyidina Muhammad.

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing siang/ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :

  1. Adicara ingkang sepisan nun nggih pambuka
  2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing pustaka suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening panjenenganipun ustadz ……….
  3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panawung kredha, ingkang badhe kasarirani panjenenganipun bapa ………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
  4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking pemerintah desa ingkang bade keparengaken dening panjenenganipun Bapa kepala desa (pejabat tertinggi di lingkungan tsb)
  5. Wondene adicara ingkang angka gangsal nun nggih sumene
  6. Adicara ingkang angka enem, minangka wigatosing pepanggihan siang/dalu punika, nun inggih Wedharing wusito aji ingkang arupi maidloh hasanah ingkang badhe kaparingaken dening almuharom …(sebut nama beserta gelar)
  7. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Para rawuh kakung miwah putri ingkang khinormatan, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ing dalu/siang punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukken do’a kanthi waosan ummul kitab sepisan, al fatihah ... (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).

 

=====

 

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening ustadz ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng Ustadz …………… wekdal kulo aturaken sak wetahipun.

 

=====

 

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panawung kreda. Dhumateng panjenenganipun Bapak …… wekdal kasumanggaaken.

 

=====

 

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking pemerintah desa. Dhumateng panjenenganipun bapak… wekdal kula aturaken sak wetahipun.


=====

 

Mekaten menggah atur pangandikan saking pemerintah desa sampun kaparengaken. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak kepala desa ingkang sampun kepareng paring pangandhikan kanthi cetho prastawa wijang wijiling pangandikan. Ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka gangsal nun nggih sumene

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Al Hasyir saking dusun Ringinkidul. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Ali Makin minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

 

=====

 

Para rawuh kakung miwah putri ingkang khinormatan. kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.

Purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almuharom bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal kula aturaken. Sumangga.

 

======

 

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya ingkang kinormatan, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

Ing wusana, hambok bilih wonten galap gangsuling atur punapa dene kerang hanuju prana anggen kula nampi labet, kula hanglenggana keranging sesrepan saha kerang pana dhumateng wewetaning para winasis ing rih basa tuwin sastra pramila kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama. Ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb

 

=====

Bottom of Form

 

Komentar